Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement

Ekonomi Ndledek Ndadekne Bokek

C
Penulis: Choirurrozaq❯
ekonomi-ndledek-ndadekne-bokek
ekonomi-ndledek-ndadekne-bokek

Nalikane awan sing hot potato utawa panas ngenthang-ngenthang nyatu tepak lek njujug warung kanggo golek mangan. Nanging ora kaya Patrem lan Palil, kekarone sik gemredeg udur-uduran babagan apa sing arep dipangan. Mergane kabeh lagi bokek bin ora gableg dhuwit. Kahanan ekonomi pancen durung apik nalikane pandemi durung rampung.


“Lil Palil, ngene iki lek mbadhog soto Surabaya lak masuk,” Patrem lagi medhar gagasan.


“Masuk tenan Mak kuwi. Nanging kampliku iki lagi garing sring. Tingarahe dibeleh wae ora enek getihe. Lha kok prejenganmu ngajak andhok panganan larang,” sambate Palil karo mewek.


“Lha piye ta Lil, awan-awan ngene cocok mangan soto sing panas plus pedhes. Kringet isa drodosan sekaliyan ngobong kalori,” wangsulane Patrem.


“Meninge mening, nanging apa arep mbayar karo godhong. Wong domongi ki lagi garing sring. Wis ngene wae, piye lek mangan pecel sing luwih murah neng nggone mboke kulon kana,” Palil ngekeki solusi.


“Pecel maneh pecel maneh. Mbok sing rada mboys sithik ngono lho,” semaure Patrem semu sewot.


“Ya ngene lek ekonomi durung waras tenan sasuwene pandemi. Kabeh cupet, pol-polane bayarane ndledek ra karuwan. Lek oleh kasbon, aku gelem budhal,” ujare Palil semu cengengesan.


Patrem isih durung marem krungu omongane Palil. Dheweke asline paham lek kancane kuwi bar nyekel dhuwit gedhen.


“Hobi kok ngebon. Lha wingi, lekmu adol jago apa wis entek dhuwite? Jereke ditawa larang karo wong kalangan,” pitakone Patrem.


“Ngertia, arep dituku wae malah keok. Regane wingi anjlok malihan. Kudune sakgepit, malih payu rong lembar,” Palil ngengkeli kancane.


“Sik sik sik, kowe kok kaya omong karo cah SD sing penak diapeki. Aku weruh dhewe kowe cengegesan nggawa dhuwit akeh sampek dompetmu ra isa dilempit gene,” pandeseke Patrem karo guyon.


“Dhuwit kuwi ra kenek dijagakne nemen-nemen. Lak mlayune gawe tuku katul sak andhahane. Gek durung nyangoni blantike barang. Wis kabeh entek gusis pokoke,” wangsulane Palil.


“Kok mesthi mamel (macak melas). Lek manganmu wae anggar, mengko kenek asam lambung dikira angker. Wis ta ayo budhal mumpung akeh duduhe,” pandhesege Patrem.


“Wis ngene wae, tuku rujak wae piye pama. Murah meriah, gek bakule semledhot pisan. Lak dhapuranmu mbungahi weruh konoan. Mangan enak mripat padhang,” pangajake Palil.


“Njo budhal lek ngono. Lumayan kae, limang ewu wis sak ngombene pisan. Susuke kenek gawe ngopi,” Patrem malih mesam-mesem.(*)


Advertisement
Advertisement
Editor : Choirurrozaq

Advertisement

Berita Terkini

Advertisement
Advertisement

Populer