Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement

Butuh Kawigaten, Ra Diganceng

C
Penulis: Choirurrozaq❯
butuh-kawigaten-ra-diganceng
butuh-kawigaten-ra-diganceng

Wis setaun lawase, Covid-19 bener-bener mateni panguripane para seniman. Piye kok ora, wiwit mecungule virus iki, para seniman dipenging kanggo nggelar pagelaran. Mergane bab kuwi sing diwedeni bakal nuwuhne pawongan sing pating dhusel lan isa nyebarne virus mbebayani kuwi.


Nanging ora kabeh seniman  sing sarujuk aktivitas diplithes entek-entekan. Alesane ora liya, seniman kudu tansah ngasilne karya, lan uga kanggo sangu urip padinan. Bab iki sing saben dinane meh dienggo udur-uduran Kakek lan Paidi.


“Seniman kuwi pancen kudu ngasilne karya. Nanging gara-gara Covid-19, ndadekne kawicaksanane pamarentah sing nyusahne para seniman sing mbutuhne sandhang pangan. Mergane, kuwi mono yang padha-padha menungsane sing butuh sega sakepel,” lambene Paidi wiwit mbregudul maneh.


Krungu clethukan kuwi, Kakek malah kurang sarujuk. Miturute, seniman kuwi ora duwe orientasi marang dhuwit. Sing mligi, sajroning seni kuwi minangka wujuding rasa lan karsa. Kurang pas wae rasane lek dadi seniman malah nggantungne panguripan lumantar karyane. Kudune, uga kreatif gawe peluang sajabane karya seni.


“Intine, enduk karya ndadekne dhuwit. Nanging kanthi kreativitase, seniman ora perlu bingung urip,” ujare Kakek sinambi nyeleh cangkir kopine.


Nanging, panemune Kakek malah nuwuhne pitakonan anyar kanggone Paidi. Miturut dheweke, methek seniman ora nggantungne urip neng karyane. Mergane, nganti seprene ora diganceng pamarentah kanggone para seniman sing ketaman pageblug iki.


“Aku kok ra yakin enek seniman sing model kaya ngono. Mergane akeh seniman sing ngarep-arep oleh dhuwit saka karyane kuwi. Lan saiki mbutuhne kawigaten saka pamarentah, kanggo nggolekne solusi sing solutip,” panegese Paidi sinambi mentheleng.


Kakek banjur mangsuli maneh. Dheweke omong lek neng donyane seni, kabeh pawongan bebas medharne uneg-uneg. Sing mesthi, para seniman kuwi kudu isa ngadeg jejeg neng sikile dhewe.


“Panemu ngono oleh-oleh wae, nanging eling seniman kuwi duwe jejiban gawe karya neng endi lan sajroning kahanan apa wae,” ujare Kakek.(*)


Advertisement
Advertisement
Editor : Choirurrozaq

Advertisement

Berita Terkini

Advertisement
Advertisement

Populer