
Saka kadohan, Brewok ketok kledhang-kledhang numpak montor udhuge tanpa nganggo masker. Kamangka neng kahanan sing pandemine durung bar ngene, bab sepele ngono isa njalari enek penularan. Bab iki ya ndadekne Lastri gethem-gethem ra karuan. Embuh antarane sadhar utawa ora, dumadakan dheweke mbengok banter.
"Woe Pak Wok, ra usah engkres sampeyan. Wis ngerti lek Covid-19 sik enek, malah ora nggape urusan prokes. Jan nemen tenan sampeyan kuwi!" pambengoke wong wedok sing nganggo kudhung kuwi.
Sanalika Brewok ngendhegne montore. Karo leda-lede, dheweke ngaku lek dhek wingenane bar divaksin. Mulane dheweke yakin ora bakal kenekan virus kuwi maneh.
" Halah Las Las. Aku saiki wis kebal, mergane bar divaksin. Dadine si Covid mesthi wedi kambek aku," semaure Brewok karo ngguyu jegagakan.
Lastri sajake ora trima karo wangsulane sing nadane ngremehne kuwi.
"Halah halah, gek kuwi omongan saka ngendi. Jarene sapa sing wis divaksin ora isa nularne Covid-19? Kae lho wis enek contone. Mangkane ta, aja keminter karo nggugu benere dhewe," grenenge Lastri
"Iya iya Las, aku paham. Neng berita ya wis akeh," wangsulane Brewok alon.
" Aku ra nesu Pak Wok, mek ngelingne wae. Aja nganti sampeyan mek mikir awake dhewe lan ora ngganceng liyane," ujare Lastri.
"Iya hooh aku salah. Sepurane lho ya, karo matur nuwun wis dielingne. Wiwit iki aku ape manut prokes maneh," semaure Brewok karo njupuk masker sing dislempitne neng njero sak klambine.
" Mbok ya ngono. Mengko lek enek sing nggadur ra maskeran genti sampeyan elingne. Wis ya, aku arep neng nggone Yu Tun, nyaur utang," Lastri pamitan. (*)
