
Pirang-pirang dina iki cuaca-ne gojag-gajeg. Lek sir ora kecelik, manut wae paribasan, sedia payung sebelum hujan. Merga ora mesthi esuk kencar-kencar lan awan nylenget. Kayata wingenane, bar panas ujug-ujug mendhung peteng lan udan deres. Sing dhangglingan mesthi keploh.
Kaya sing dilakoni Sodik lan Huda. Janjane wong loro kuwi sir golek mangan neng BTA, malah kejenggreng merga ra nggawa mantel. Dienten-enteni malah tambah deres.
“Kowe kok ya ra tau nggawa mantel ta mak mak?” Huda nggremengi Sodik.
“Jenenge lali piye maneh. Kamangka maeng wis tak cepakne,” alesane Sodik.
“Lek ngerti cuaca-ne ngene mbok ya nggawa mantel. Ngene iki malih ngiyup. Kamangka adhewe kudu cepet-cepet mbalik neng kantor,” Huda terus ngresula.
“Aja maido wae. Nyatu lali arep piye eneh. Gek sapa ngira bar kicat-kicat malah teles kebes ngene,” wangsulane Sodik.
“Orane ngono, aku mek ngomongi. Sesuk-sesuk maneh nggawa mantel pokoke, ben ora kudanan maneh,” sambunge Huda.
“Modhielmu. Ngene iki kok udane ra terang-terang ya? Kamangka wis sejam nyekukur neng kene,” Sodik genti sambat.
“Hooh, ketoke udane bakal awet. Wong langit peteng nganti rata ngono kok,” Huda ndhangak nyawang langit.
“Aku jane gelem-gelem wae langsung cus. Nanging aku duwe lelakon ra menak gara-gara udan. Wong lehku nyawang dalan nganti mendelik gara-gara saking derese udan, gek meh nyasak wit-witan pinggir dalan. Malah isa uga kejongor merga bolongan dalan ra ketok, ketutup banyu,” Sodik ngelingi lelakon mbiyen.
“Iya ya. Mangkane aku diweling makku lek isa mandheg wae lek pas udan deres. Apa maneh lek enek bledheg barang,” semaure Huda.
“Nah iya. Emakmu bener kuwi. Mangkane saiki nyantai wae dhisik. Lek ditakoni bose mangsuli apa enek. Nyatu lali ra nggawa mantel og,” ujare Sodik.
“Eling ra, prastawa neng Bangoan mbiyen kae sing nganti mangan korban jiwa? Mulane kuwi nganti saiki panggah tak eling-eling,” omonge Huda.
“Deal lek ngono, ngasep mlebu kantor. Untunge wae wis mangan, nangin saiki bingung arep ngglethak neng endi. Nyelot suwe kok ngantuk,” Sodik ngguyu karo klakepan.(*)
